AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ
Ibrani 11:1—”Pracaya Iku Dhasaring Samubarang kang Kita Arep-Arep”
”Iman kuwi artiné tenanan yakin nèk apa sing diharapké mesthi bakal kelakon. Kuwi bukti sing nyata nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana.”—Ibrani 11:1, Terjemahan Donya Anyar.
”Pracaya iku dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta cihnaning [utawa, bukti saka] samubarang kang ora katon.”—Ibrani 11:1, Basa Jawi Resmi.
Artiné Ibrani 11:1
Ayat iki njelaské apa artiné iman nèk menurut Alkitab, terus ya njelaské nèk iman kuwi ora mung asal percaya.
”Iman kuwi artiné tenanan yakin nèk apa sing diharapké mesthi bakal kelakon.” Kata ”iman” ing Ibrani 11:1 diterjemahké saka basa asliné, yaiku basa Yunani, sing isa berarti percaya, utawa yakin tenan. Dadi kuwi ora mung angan-angan thok, tapi ”tenanan yakin” nèk kuwi mesthi bakal kelakon. Istilah ”tenanan yakin” a diterjemahké saka basa Yunani sing isa berarti ”sèrtifikat tanah”, sing dadi jaminan, utawa sing nggawé yakin nèk tanah kuwi mémang duwèké sing nduwé sèrtifikat.
”Iman kuwi . . . bukti sing nyata nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana.” Wong isa nduwé iman merga ana bukti sing nyata. Dadi, meskipun kuwi ora kétok, tapi dhèwèké yakin nèk kuwi nyata merga buktiné jelas banget.
Latar Belakangé Ibrani 11:1
Buku Ibrani kuwi surat sing ditulis Rasul Paulus kanggo wong-wong Kristen ing jamané para rasul sing manggon ing Yérusalèm lan sekitaré. Ing Ibrani bab 11 iki, Paulus njelaské nèk nduwé iman kuwi penting. Misalé, Paulus nulis, ”Nèk wong ora nduwé iman, wong kuwi ora mungkin isa nyenengké Gusti Allah, merga sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Dhèwèké kuwi ana lan nèk Dhèwèké mènèhi upah marang wong-wong sing tenanan nggolèki Dhèwèké.” (Ibrani 11:6) Bar njelaské soal artiné iman ing Ibrani 11:1, Paulus nyritakké soal wong-wong sing dadi conto merga nduwé iman. Paulus nyritakké nèk wong-wong kuwi manut karo Gusti Allah merga nduwé iman.—Ibrani 11:4-38.
a Istilah ”tenanan yakin” diterjemahké saka kata Yunani hy·poʹsta·sis, sing nèk diterjemahké secara harfiah artiné ”dhasar, utawa sing ana ing ngisor”.