Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Matius 11:28-30​—”Padha Mrénéa, Aku Bakal Gawé Ayemmu”

Matius 11:28-30​—”Padha Mrénéa, Aku Bakal Gawé Ayemmu”

 ”Hé kowé kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot, padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh. Ayo mréné lan kerja bareng karo aku. Sinaua saka aku, merga watakku alus lan aku rendah hati. Kowé bakal seger manèh. Kerja bareng karo aku kuwi pénak, lan bebanku ènthèng.”​—Matius 11:28-30, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Hé, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrénéa, Aku bakal gawé ayemmu. PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowé bakal padha olèh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kapénak lan momotanKu iku ènthèng.”​—Matéus 11:28-30, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Matius 11:28-30

 Yésus ngundang wong-wong bèn nyedhak karo dhèwèké. Yésus ngomong nèk gelem ngrungokké lan manut ajarané, wong-wong kuwi isa ngrasa ayem.

 ”Hé kowé kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot, padha mrénéa.” Pas jamané Yésus, para pemimpin agama nggawé akèh aturan lan tradhisi. Dadi, kaya-kayané wong-wong kudu ”mikul beban sing abot”. (Matius 23:4; Markus 7:7) Wong-wong kuwi ya strès merga kudu kerja keras kanggo nyukupi kebutuhan keluargané.

 ”Aku bakal nggawé kowé seger manèh.” Yésus janji wong-wong sing nyedhak karo dhèwèké bakal ngrasa ayem. Carané piyé? Yésus mbantu wong-wong kuwi bèn ngerti karepé Gusti Allah. (Matius 7:24, 25) Merga ngerti karepé Gusti Allah, wong-wong kuwi ora perlu mèlu-mèlu tradhisi sing digawé para pemimpin agama. (Yohanes 8:31, 32) Mémang ngetrapké ajarané Yésus kuwi butuh upaya, tapi hasilé isa ngrasa ayem.

 ”Ayo mréné lan kerja bareng karo aku. Sinaua saka aku.” Ing cathetan ngisor disebutké, ”Tampanen kayuku sing dipasang ing gulu.” Jaman mbiyèn, wong sing arep nggawa barang sing abot kudu nganggo kayu sing dipasang ing gulu. Kayu sing dipasang ing gulu biasané nggambarké nèk kudu manut karo wong sing nduwé kuwasa. (Kaimaman 26:13; Yésaya 14:25; Yérémia 28:4) Kata-kata ”sinaua saka aku” ya isa berarti ”dadia muridku”. Dadi, Yésus ngundang wong-wong sing ngrungokké dhèwèké bèn niru dhèwèké.​—Yohanes 13:13-15; 1 Pétrus 2:21.

 ”Kowé bakal seger manèh.” Mémang, masalahé wong-wong kuwi ora langsung ilang. Tapi Yésus mbantu wong-wong kuwi isa ngrasa ayem lan ora kuwatir. (Matius 6:25-32; 10:29-31) Wong-wong sing dadi muridé Yésus lan manut karo ajarané ngrasakké nèk nglayani Gusti Allah kuwi ora dadi beban, tapi malah isa nggawé bahagia.​—1 Yohanes 5:3.

 ”Kerja bareng karo aku kuwi pénak, lan bebanku ènthèng.” Ora kaya pemimpin agama wektu kuwi, Yésus rendah hati. (Yohanes 7:47-49) Yésus ora kasar, ora gampang nesu, lan ora seneng meksa. Dhèwèké ya gampang dicedhaki. (Matius 7:12; Markus 6:34; Lukas 9:11) Yésus ngandhani wong-wong carané bèn isa diampuni karo Gusti Allah. Hasilé wong-wong kuwi isa ngrasa ayem. (Matius 5:23, 24; 6:14) Merga Yésus apikan, wong-wong gelem cedhak karo Yésus lan dadi muridé.

Latar Belakangé Matius 11:28-30

 Yésus nyebutké kata-kata ing Matius 11:28-30 pas nginjil ing Galiléa taun 31 M. Undangané Yésus iki mung ana ing Injil Matius. Matius kuwi wong Yahudi. Mauné, dhèwèké dadi petugas pajeg. Dadi, Matius ngerti nèk wong-wong wektu kuwi dadi susah merga kudu mbayar pajeg sing gedhé karo pamréntah Romawi. Terus, para pemimpin agama Yahudi ya jahat-jahat. Tapi, Matius ngerti nèk Yésus ora kaya ngono. Meskipun dikèki kuwasa saka Yéhuwah, a Yésus gelem ngundang wong-wong sing susah bèn nyedhak karo dhèwèké.​—Matius 11:25-27.

 Ing Injil Matius dicathet sipat-sipaté Yésus, sing dadi Mésias lan Raja Kerajaané Gusti Allah.​—Matius 1:20-23; Yésaya 11:1-5.

 Bèn ngerti ringkesané buku Matius, deloken vidéo iki.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Deloken artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?