Injil Yohanes 2:1-25
2 Rong dina bar kuwi, ana pésta mantènan ing kutha Kana ing Galiléa. Ibuné Yésus ana ing kono.
2 Yésus lan murid-muridé ya diundang ing pésta mantènan kuwi.
3 Wektu kuwi, minuman angguré wis mèh entèk. Terus, ibuné Yésus ngomong karo Yésus, ”Wong-wong kuwi kentèkan anggur.”
4 Ning Yésus njawab, ”Bu, kuwi kan dudu urusané awaké dhéwé, ta? Saiki durung wektuné aku tumindak.”
5 Ibuné kandha marang para pelayan, ”Turutana apa waé sing dhèwèké omongké.”
6 Ing kono, ana genthong banyu enem saka watu. Sak genthong isa diisi loro utawa telung takeran cairan.* Genthong kuwi disedhiakké kanggo nyucèkké badan kaya kebiasaané wong Yahudi.+
7 Yésus ngomong karo para pelayan kuwi, ”Isinen genthong-genthong kuwi nganggo banyu.” Terus, genthong-genthong kuwi diisi nganti kebak.
8 Yésus ngomong manèh, ”Saiki, jupuken sithik banyuné, lan wènèhna marang ketua pésta.” Para pelayan kuwi manut préntahé Yésus.
9 Terus, ketua pésta ngicipi banyu mau, sing saiki wis berubah dadi anggur. Ketua pésta kuwi ora ngerti asalé anggur kuwi saka ngendi, ning para pelayan sing njupuk ngerti. Bar kuwi, ketua pésta ngundang* mantèn lanang.
10 Ketua pésta kuwi kandha, ”Biasané, sing disuguhké dhisik kuwi anggur sing apik. Terus nèk wong-wong wis mabuk, sing kurang apik lagi disuguhké. Ning, kowé nyimpen anggur sing apik lan lagi mbok suguhké saiki.”
11 Yésus nindakké mukjijaté* sing pertama kuwi ing kutha Kana ing Galiléa, lan mukjijat kuwi dadi bukti nèk Yésus nduwé kuwasa.+ Murid-murid dadi nduwé iman marang Yésus.
12 Sakwisé kuwi, Yésus, ibuné, adhi-adhiné lanang,+ lan murid-muridé lunga ing Kapernaum,+ ning ora nginep suwé ing kana.
13 Wektu kuwi, wong Yahudi wis arep ngrayakké Paskah,+ lan Yésus lunga ing Yérusalèm.
14 Ing bait, Yésus ndelok ana wong-wong sing dodolan sapi, domba, lan manuk dara.+ Para tukang ngijoli dhuwit ya lungguh ing kono.
15 Sakwisé nggawé pecut saka tali, Yésus ngusir kabèh wong sing dodolan ing bait, termasuk kabèh domba lan sapiné. Dhuwit rècèhé tukang ngijoli dhuwit ya disebar, lan méja-méjané dijungkirké.+
16 Yésus ngomong karo wong-wong sing dodolan manuk dara, ”Gawanen lunga kabèh iki saka kéné. Omahé Bapakku aja mbok dadèkké pasar.”+
17 Pas ndelok kuwi, murid-muridé dadi kèlingan ayat sing kandha, ”Semangatku kanggo ngabdi ing omah-Mu kuwi kaya geni sing murub ing njero awakku.”+
18 Mula, wong-wong Yahudi ngomong karo Yésus, ”Apa tandha sing isa mbok duduhké+ kanggo mbuktèkké nèk kowé nduwé hak kanggo nindakké iki?”
19 Yésus njawab, ”Ambrukna bait iki, lan kuwi bakal tak bangun manèh ing wektu telung dina.”+
20 Wong Yahudi kandha, ”Bait iki dibangun suwéné 46 taun, mosok kowé isa mbangun mung telung dina thok?”
21 Sakjané, bait sing dimaksud Yésus kuwi ya badané Yésus dhéwé.+
22 Sakwisé Yésus diuripké manèh, murid-murid kèlingan nèk dhèwèké kerep ngomongké soal kuwi.+ Mula, murid-murid percaya karo ayat sing ditulis ing Kitab Suci lan omongané Yésus.
23 Wektu Perayaan Paskah ing Yérusalèm, Yésus nindakké akèh mukjijat* ing kono. Pas ndelok kuwi, akèh wong dadi nduwé iman marang Yésus.*
24 Ning, Yésus ora bener-bener percaya karo wong-wong kuwi merga ngerti apa sing ana ing pikirané manungsa.
25 Sakliyané kuwi, Yésus ya ngerti isi atiné manungsa. Mula, ora perlu ana wong sing ngandhani Yésus soal apa sing dipikirké wong liya.+
Katrangan Tambahan
^ Utawa, ”nyeluk”.
^ Lit.: ”tandhané”.
^ Lit.: ”tandha”.
^ Lit.: ”marang jenengé”.