Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kiwa: Olena Yefremkina/stock.adobe.com; center: lunamarina/stock.adobe.com; tengen: Rido/stock.adobe.com

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Sapa sing Isa Dipercaya?

Sapa sing Isa Dipercaya?

 Akèh wong jaman saiki sing kecéwa karo wong-wong sing dianggep isa dipercaya. Meréka ora percaya manèh karo . . .

  •   pemimpin politik sing péngin nggolèk untungé dhéwé timbang mikirké kesejahteraané rakyaté.

  •   berita-berita merga informasi sing disampèkké ora lengkap lan ora sesuai karo faktané.

  •   para ilmuwan sing nggawé penelitian tapi hasilé ora isa ngrampungi masalahé manungsa saiki.

  •   para pemimpin agama sing mèlu-mèlu urusan politik lan ora mulangké sing bener soal Gusti Allah.

 Aja langsung percaya karo wong liya utawa informasi sing ana. Ing Alkitab disebutké:

  •   ”Aja percaya karo manungsa utawa para pemimpin sing ora isa nylametké.”​—Mazmur 146:3.

Sapa sing isa dipercaya?

  Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti sing isa dipercaya kuwi Yésus Kristus. Yésus kuwi ora mung wong apik sing mbiyèn tau urip ing bumi, tapi Yésus ya wis dipilih Gusti Allah kanggo dadi ”raja . . . lan pamréntahané bakal ana sakterusé”. (Lukas 1:32, 33) Yésus dadi Raja Kerajaané Gusti Allah sing saiki mréntah ing swarga.​—Matius 6:10.