Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 48

LAGU 97 Tuntunané Yéhuwah ing Kitab Suci

Pelajaran saka Mukjijaté Yésus Wektu Nyedhiakké Roti

Pelajaran saka Mukjijaté Yésus Wektu Nyedhiakké Roti

”Aku iki roti sing mènèhi urip. Sapa waé sing marani aku ora bakal ngelih manèh.”YOH. 6:35.

INTI

Pelajaran saka mukjijaté Yésus ing Yohanes bab 6, wektu dhèwèké ngekèki mangan wong akèh nganggo roti lan iwak.

1. Sepira pentingé roti kanggo wong-wong ing jaman Alkitab?

 MAKANAN utamané wong-wong ing jaman Alkitab kuwi roti. (PD. 14:18; Luk. 4:​4, cathetan ngisor) Malah saking umumé, kata ”panganan” ing Alkitab kuwi biasané maksudé roti. (Mat. 6:​11, cathetan ngisor) Loro mukjijaté Yésus sing terkenal kuwi ya soal roti. (Mat. 16:​9, 10) Salah sijiné ditulis ing Yohanes bab 6. Ayo mbahas kisah kuwi lan nggolèki pelajarané.

2. Piyé critané kok ana éwonan wong sing butuh panganan?

2 Bar nginjil ing endi-endi, Yésus ngejak rasul-rasulé numpak kapal nyebrangi Laut Galiléa bèn isa istirahat. (Mrk. 6:​7, 30-32; Luk. 9:10) Meréka tekan ing panggonan sing sepi ing cedhak Bètsaida. Tapi ora suwé bar kuwi, ana éwonan wong sing teka nggolèki Yésus. Yésus gelem nyambut meréka. Dhèwèké gelem nyedhiakké wektu kanggo mulang meréka soal Kerajaané Gusti Allah lan marèkké sing lara. Pas wis soré, para rasul mulai mikir nèk wong-wong kuwi butuh mangan. Mungkin ana sing wis nggawa sangu, tapi akèh-akèhé kudu lunga ing désa-désa cedhak kono kanggo tuku panganan. (Mat. 14:15; Yoh. 6:​4, 5) Terus Yésus piyé?

YÉSUS NGGAWÉ MUKJIJAT NYEDHIAKKÉ ROTI

3. Yésus ngongkon para rasulé bèn ngapa? (Deloken gambar.)

3 Yésus ngandhani rasul-rasulé, ”Wong-wong kuwi ora perlu lunga. Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” (Mat. 14:16) Tapi masalahé, wektu kuwi jumlahé ana wong lanang 5.000. Nèk wong-wong wédok lan anak-anak diétung, jumlahé isa nganti 15.000. (Mat. 14:21) Terus Andréas ngomong, ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Ning, apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?” (Yoh. 6:9) Rotiné kuwi roti barli sing biasa dipangan wong-wong. Terus, iwaké ya wis diasinké lan dikeringké. Tapi nèk jumlahé mung semono thok, ora cukup kanggo ngekèki mangan wong semono akèhé.

Yésus mulang wong-wong soal Yéhuwah lan ngekèki meréka mangan (Deloken paragraf 3)


4. Apa sing isa dipelajari saka Yohanes 6:​11-13? (Deloken gambar.)

4 Yésus péngin nyedhiakké panganan kanggo wong-wong kuwi. Yésus ngongkon meréka lungguh berkelompok. (Mrk. 6:​39, 40; wacanen Yohanes 6:​11-13.) Terus Yésus ngucap syukur karo Yéhuwah. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah sing nyedhiakké roti lan iwak kuwi. Nèk niru Yésus, awaké dhéwé ya bakal ndonga sakdurungé mangan, ora soal lagi dhèwèkan utawa karo wong liya. Bar kuwi, Yésus ngongkon para rasulé ngedumké panganan kuwi, lan wong-wong padha mangan nganti wareg. Saking akèhé, panganané nganti turah-turah. Terus Yésus ngongkon bèn sisané diklumpukké, sapa ngerti mengko isa dipangan manèh. Saka conto kuwi, Yésus péngin ngajari awaké dhéwé bèn hémat lan ora seneng mbuwang-mbuwang. Nah, kisah iki isa njenengan gunakké kanggo ngajari anak-anak soal pentingé ndonga sakdurungé mangan, apikan, seneng nyambut wong liya, lan murah hati.

Pikirna: ’Kaya Yésus, apa aku ndonga sakdurungé mangan?’ (Deloken paragraf 4)


5. Bar ndelok sing dilakukan Yésus dina kuwi, wong-wong dadi piyé, tapi Yésus piyé?

5 Merga Yésus isa nggawé mukjijat lan pinter mulang, wong-wong dadi terkesan. Meréka éling omongané Musa nèk Gusti Allah bakal ngutus nabi sing hébat. Dadi mungkin meréka ngira nèk Yésus nabi sing dijanjèkké kuwi. (PT. 18:​15-18) Meréka mungkin mikir nèk Yésus isa dadi pemimpin sing hébat sing isa nyedhiakké panganan kanggo kabèh wong ing Israèl. Makané, wong-wong kuwi padha ”meksa [Yésus] dadi raja”. (Yoh. 6:​14, 15) Nèk Yésus dadi raja, dhèwèké bakal terlibat politiké wong Yahudi sing wektu kuwi dikuwasani pamréntah Romawi. Yésus ora gelem, makané dhèwèké ’lunga ing gunung’. Meskipun ana akèh sing meksa, Yésus ora gelem mèlu-mèlu urusan politik. Apa pelajarané?

6. Piyé carané niru Yésus? (Deloken gambar.)

6 Mémang, awaké dhéwé ora bakal dikon nggawé mukjijat nyedhiakké panganan utawa marèkké wong lara. Terus, ya ora bakal dikon dadi raja utawa présidèn. Tapi isa waé wong-wong meksa bèn awaké dhéwé terlibat politik. Misalé dikon milih utawa ndhukung wong sing menurut meréka bakal dadi pemimpin sing apik. Tapi jelas nèk Yésus ora gelem mèlu-mèlu urusan politik. Malah dhèwèké ngomong, ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.” (Yoh. 17:14; 18:36) Awaké dhéwé saiki ya niru Yésus. Sing didhukung, dicritakké, lan didongakké kuwi Kerajaané Gusti Allah. (Mat. 6:10) Nah, saka mukjijaté Yésus soal roti, apa manèh sing isa dipelajari?

Yésus ora mèlu-mèlu urusan politiké wong Yahudi utawa Romawi. Kuwi dadi conto kanggo awaké dhéwé. (Deloken paragraf 6)


”ARTINÉ MUKJIJAT ROTI”

7. Yésus nggawé mukjijat apa manèh, lan piyé tanggepané para rasul? (Yohanes 6:​16-20)

7 Bèn ora didadèkké raja, wektu kuwi Yésus lunga ing gunung. Tapi para rasulé numpak prau kanggo balik ing Kapernaum. (Wacanen Yohanes 6:​16-20.) Pas numpak prau, ana badai. Anginé banter banget lan ombaké gedhé. Terus, Yésus mlaku ing ndhuwur laut marani para rasulé. Dhèwèké ya ngundang Pétrus mlaku ing ndhuwur laut. (Mat. 14:​22-31) Pas Yésus wis munggah ing prau, badainé mandheg. Para rasul padha nggumun, terus ngomong, ”Njenengan kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.” a (Mat. 14:33) Kuduné, para rasul ora perlu nggumun, soalé Yésus lagi waé bar nggawé mukjijat soal roti. Tapi kenyataané, ”murid-murid nggumun . . . merga isih padha durung ngerti artiné mukjijat roti mau. Murid-murid kuwi isih durung paham”. (Mrk. 6:​50-52) Meréka ora paham nèk Yéhuwah wis ngekèki Yésus kuwasa sing gedhé banget kanggo nggawé mukjijat. Ora suwé bar kuwi, Yésus nyebutké manèh mukjijat soal roti mau lan nyebutké pelajarané.

8-9. Ngapa kok wong-wong kuwi padha nggolèki Yésus? (Yohanes 6:​26, 27)

8 Wong-wong sing dikèki mangan Yésus liwat mukjijat kuwi mung mikirké kebutuhan lan kepénginané dhéwé. Buktiné, sésuké wektu ngerti nèk Yésus lan para rasulé wis lunga, meréka langsung cepet-cepet nyusul ing Kapernaum numpak kapal sing teka saka Tibérias. (Yoh. 6:​22-24) Meréka nggolèki Yésus dudu merga péngin ngerti luwih akèh soal Kerajaané Gusti Allah, tapi bèn dikèki roti manèh. Ngertiné saka endi?

9 Wektu wong-wong kuwi ketemu karo Yésus ing cedhak Kapernaum, Yésus terus terang ngomong nèk meréka nggolèki dhèwèké mung merga péngin dikèki panganan. Meskipun meréka mangan ”roti nganti wareg”, Yésus ngomong nèk kuwi ”panganan sing isa bosok”. Makané, Yésus ngongkon bèn meréka nggolèk ’panganan sing isa mènèhi urip saklawasé’. (Wacanen Yohanes 6:​26, 27.) Yésus ngomong nèk sing isa nyedhiakké panganan kaya ngono kuwi Yéhuwah. Wektu krungu nèk ana panganan sing isa marakké urip saklawasé, wong-wong kuwi mesthi padha kagèt. Panganan kaya apa kuwi? Terus, éntuké saka endi?

10. Bèn isa ”urip saklawasé”, wong-wong kudu piyé?

10 Wong-wong Yahudi kuwi péngin ngerti piyé carané bèn isa éntuk panganan kuwi. Mungkin meréka terpikir soal hal-hal sing dituntut ing Hukum Musa. Tapi Yésus ngomong, ”Kowé isa nyenengké Gusti Allah nèk kowé nduduhké iman marang wong sing diutus Dhèwèké.” (Yoh. 6:​28, 29) Soal beriman karo utusané Gusti Allah bèn isa ”urip saklawasé”, kuwi sakjané wis dijelaské Yésus sakdurungé. (Yoh. 3:​16-18, 36) Yésus ya bakal njelaské luwih akèh soal kuwi ing kesempatan liya.—Yoh. 17:3.

11. Apa buktiné nèk wong-wong Yahudi kuwi sing dipikirké mung panganan thok? (Mazmur 78:​24, 25)

11 Wong-wong Yahudi kuwi ora trima nèk kudu beriman karo Yésus. Makané meréka ngomong, ”Apa mukjijat sing isa mbok duduhké bèn isa tak delok lan bèn aku percaya karo kowé?” (Yoh. 6:30) Terus, meréka nyebutké nèk mbiyèn nènèk moyangé pas jamané Musa éntuk mukjijat dikèki manna saben dina. (Néh. 9:15; wacanen Mazmur 78:​24, 25.) Kétok jelas, nèk sing dipikirké wong-wong kuwi mung soal panganan. Bahkan, wektu Yésus nyebutké soal ”roti sing sejati saka swarga” sing isa marakké urip saklawasé, meréka ora péngin ngerti luwih akèh soal kuwi. (Yoh. 6:32) Merga fokusé mung kebutuhan jasmani, meréka ora ngrungokké wektu Yésus berupaya mulang soal carané bèn isa urip saklawasé. Apa sing isa dipelajari?

SING KUDU DIUTAMAKKÉ

12. Saka contoné Yésus, sing kuduné diutamakké kuwi apa?

12 Saka Yohanes bab 6, awaké dhéwé ngerti nèk manut Yéhuwah lan nduwé hubungan sing akrab karo Dhèwèké kuwi hal sing paling penting. Yésus wis mbuktèkké kuwi wektu dhèwèké digodha Sétan. (Mat. 4:​3, 4) Terus pas Ceramah ing Gunung, Yésus ya nandheské pentingé ’sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah’. (Mat. 5:3) Makané pikirna, ’Apa sing tak utamakké ing uripku? Hubungan sing akrab karo Yéhuwah utawa kebutuhan jasmani?’

13. (a) Ngapa kok menikmati panganan kuwi ora salah? (b) Paulus ngekèki pengingat soal apa? (1 Korintus 10:​6, 7, 11)

13 Ing Alkitab disebutké nèk ’mangan, ngombé, lan ngrasakké hasil kerja keras’ kuwi saka ”Gusti Allah sing bener” lan isa marakké seneng. (Pkh. 2:24; 8:15; Yak. 1:17) Dadi nèk ndongakké kebutuhan jasmani lan péngin menikmati hal-hal kuwi, sakjané ora salah. (Luk. 11:3) Tapi, aja nganti kuwi dadi sing paling penting. Ing suraté kanggo wong Kristen, Rasul Paulus ya nandheské soal kuwi. Dhèwèké nyritakké soal wong Israèl, termasuk sing meréka lakukan ing cedhak Gunung Sinai. Paulus ngélikké wong Kristen bèn ”ora dadi kaya [wong Israèl] sing péngin nindakké apa sing jahat”. (Wacanen 1 Korintus 10:​6, 7, 11.) Yéhuwah wis nggawé mukjijat nyedhiakké panganan, tapi merga srakah, meréka malah dadi ”nindakké apa sing jahat”. (Wi. 11:​4-6, 31-34) Terus wektu wong Israèl nyembah patung anak sapi, kétok jelas nèk sing diutamakké kuwi soal mangan, ngombé, lan seneng-seneng, dudu manut karo Yéhuwah. (Pa. 32:​4-6) Paulus nyebutké contoné bangsa Israèl kanggo ngélikké wong Kristen wektu kuwi. Ora suwé manèh, taun 70 M, Yérusalèm lan baité bakal dihancurké. Sedhéla manèh, donya iki ya arep disingkirké. Makané awaké dhéwé ya kudu nggatèkké pengingaté Paulus kuwi.

14. Ing donya anyar, apa sing diramalké ing Alkitab soal panganan?

14 Wektu ngongkon awaké dhéwé ndonga ”wènèhana aku roti sing tak butuhké dina iki”, Yésus ya ngajari awaké dhéwé ndongakké bèn sing dikarepké Yéhuwah ndang kelakon ”ing bumi kaya ing swarga”. (Mat. 6:​9-11) Piyé keadaané wektu kuwi? Menurut Alkitab, salah siji sing dikarepké Yéhuwah kanggo bumi kuwi soal panganan. Ing Yésaya 25:​6-8 dicritakké nèk mengko bakal ana akèh banget panganan sing isa dinikmati. Terus ing Mazmur 72:16 disebutké, ”Bakal ana akèh pangan ing bumi nganti tekan puncak pegunungan.” Apa njenengan péngin sukmbèn isa masak panganan senengané njenengan utawa nyoba resèp-resèp anyar? Njenengan mungkin ya isa nggawé kebon anggur lan manèn hasilé. (Yés. 65:​21, 22) Kabèh wong ing bumi bakal ngrasakké berkah-berkah kuwi.

15. Wong-wong sing diuripké manèh sukmbèn bakal diwulang soal apa? (Yohanes 6:35)

15 Wacanen Yohanes 6:35. Coba bayangna soal wong-wong sing dikèki Yésus roti lan iwak mau. Meskipun meréka akèh-akèhé durung beriman karo Yésus, sukmbèn mungkin meréka bakal diuripké manèh, lan njenengan isa waé ketemu karo meréka. (Yoh. 5:​28, 29) Meréka kudu diajari maksudé Yésus wektu ngomong, ”Aku iki roti sing mènèhi urip. Sapa waé sing marani aku ora bakal ngelih manèh.” Meréka kudu beriman nèk Yésus wis ngorbanké nyawa kanggo meréka. Wektu kuwi, wong-wong sing diuripké manèh lan bocah-bocah sing lair ing donya anyar bakal diwulang soal Yéhuwah lan sing dikarepké. Mesthi seneng banget isa mèlu mulang wong-wong kuwi. Isa mbantu wong akrab karo Yéhuwah kuwi mesthi luwih nyenengké timbang menikmati panganan apa waé ing donya anyar.

16. Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?

16 Mau wis dibahas sebagéan kisah sing ditulis ing Yohanes bab 6. Tapi, isih ana akèh manèh sing arep diwulangké Yésus soal ”urip saklawasé”. Ajaran kuwi ora mung penting kanggo wong Yahudi jaman kuwi, tapi ya kanggo awaké dhéwé saiki. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel berikuté.

LAGU 20 Anak-Mu Wis Dikorbanké

a Nèk péngin ngerti luwih akèh soal kisah iki, deloken buku Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip, halaman 131, lan Tirunen Imané, halaman 185.