Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | WEKTU SING DITRESNANI MATI

Nggedhèkké Atiné sing Sedhih

Nggedhèkké Atiné sing Sedhih

Apa panjenengan wis tau ora isa tumindak apa-apa ing sakcedhaké wong sing ditinggal mati? ­Kadhang kala awaké dhéwé bingung arep ngapa. Saiki bakal dirembug apa sing isa ditindakké kanggo mbantu wong kuwi.

Kerep-kerepé, sing perlu ditindakké yaiku panjenengan nyedhaki wong kuwi karo ngomong, ”Aku mèlu bélasungkawa.” Ana kebiasaan ing dhaérah liya nèk ngekep lan nyekeli lengen kuwi, tanda nèk perduli. Nèk sing ditinggal mati péngin ngobrol, ya dirungokké tenanan. Bab sing paling penting yaiku mbantu keluarga sing ditinggal mati, yaiku ngéwangi gawéan omah sing ora isa ditindakké. Nèk cocog karo karepé, awaké dhéwé isa masakké, ngurusi anaké, utawa ngurusi acara layatan. Bantuan mau luwih ana gunané timbang omongan.

Ing wektu sing cocog, mbokmenawa panjenengan ngomongké sing apik-apik bab wong sing mati lan pengalaman sing nyenengké. Kuwi bakal nggawé seneng sing ditinggal mati. Contoné, Pam, sing ditinggal mati bojoné nem taun kepungkur, kandha, ”Wong-wong sok crita karo aku bab sing ditindakké bojoku, sing kadhang kala malah aku ora ngerti. Aku seneng ngrungokké crita kuwi.”

Para ahli crita nèk akèh wong sing ditinggal mati pancèn dibantu, ning akhiré dilalèkké. Wong liya sibuk karo uripé dhéwé-dhéwé. Mula, penting banget kerep ngubungi wong sing ditinggal mati. * Wong sing ditinggal mati ngajèni banget bantuan kuwi, merga isa ngurangi rasa sedhihé.

Gatèkna contoné Kaori, wong wédok saka Jepang. Mbakyuné mati 15 sasi sakwisé ibuné mati. Untungé, dhèwèké nduwé kanca-kanca sing apikan. Salah sijiné jenengé Ritsuko, sing luwih tuwa umuré ning isa dadi kanca akrabé. Kaori kandha, ”Jujur waé aku ora seneng merga ora ana sing isa nggantèni ibuku. Ning, merga Bu Ritsuko apikan banget karo aku, aku isa akrab. Saben minggu, aku lan dhèwèké nginjil lan lunga menyang pakumpulan ibadah bareng. Dhèwèké ngajak ngombé tèh, nggawakké aku panganan, lan ping bola-bali nulis surat lan kartu kanggo aku. Tumindaké Bu Ritsuko kuwi nyenengké banget kanggo aku.”

Rolas taun bar ibuné mati, Kaori lan bojoné dadi perintisé Seksi-Seksi Yéhuwah. Kaori kandha, ”Bu Ritsuko isih tetep nggatèkké aku. Nèk aku mulih, aku mampir ing omahé lan isa ngobrolké sing nggedhèkké ati.”

Conto liyané wong sing digedhèkké atiné yaiku Poli, Seksi Yéhuwah ing negara Siprus. Bojoné Poli yaiku Sozos, wongé apikan. Dhèwèké pinituwané Seksi Yéhuwah, sing sok ngundang mangan anak yatim lan randha ing omahé. (Yakobus 1:​27) Sayangé, Sozos mati merga tumor otak wektu umuré 53. Poli kandha, ”Aku kélangan bojo sing setya. Aku wis 33 taun bebojoan karo dhèwèké.”

Golèka cara-cara kanggo mbantu sing ditinggal mati

Bar bojoné mati, Poli pindhah ing Kanada karo anak ragilé sing jenengé Daniel, sing umuré 15 taun. Ing kana, Poli lan anaké nggabung karo jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Poli kandha, ”Kanca-kancaku sing anyar ing jemaat, ora ngerti bab urip lan kesusahanku mbiyèn, ning wong-wong kuwi nyedhaki lan mbantu aku, nganggo omongan lan tumindak. Merga anakku wektu kuwi isih butuh bapak, bantuan kuwi aji banget. Para pinituwa éman banget karo Daniel. Nèk ana acara kumpul-kumpul lan bal-balan, Daniel mesthi diajak.” Poli lan anaké saiki uripé seneng.

Pancèn, ana akèh cara kanggo mbantu lan nggedhèkké atiné wong sing ditinggal mati. Alkitab uga mènèhi pengarep-arep kanggo mbésuké.

^ par. 6 Ana sing mbunderi tanggalan bèn isa éling tanggal wong sing mati, kanggo nggedhèkké atiné sing ditinggal mati.