Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | PERJUANGANÉ ALKITAB

Apa Sebabé Alkitab Isa Ana Tekan Saiki?

Apa Sebabé Alkitab Isa Ana Tekan Saiki?

Saiki panjenengan isa nduwé lan maca Alkitab, merga anané upaya sing tenanan bèn Alkitab tetep ana. Nèk éntuk terjemahan Alkitab sing apik, panjenengan isa percaya nèk Alkitab sing diwaca kuwi isiné padha karo asliné. * Ning, senajan ditulis ing bahan sing gampang rusak, arep disingkirké, lan ana sing ngupaya ngowahi isiné, apa sebabé Alkitab isih tetep ana? Apa istiméwané buku iki?

”Saiki aku yakin nèk Alkitab kuwi hadiah saka Gusti Allah”

Akèh wong sing sinau Alkitab nduwé pikiran sing padha karo Rasul Paulus nèk Alkitab ”diwangsitaké déning Gusti Allah”. (2 Timotéus 3:16) Wong-wong kuwi percaya nèk Alkitab isih ana tekan saiki merga dijaga Gusti Allah, lan kuwi sabdané Gusti Allah sing ora ana tandhingané. Faizal, sing dicritakké ing kaca 3, akhiré mbuktèkké dhéwé bab kuwi nganggo cara sinau Alkitab. Dhèwèké gumun wektu ngerti isiné Alkitab. Dhèwèké langsung ngerti nèk ajarané geréja-geréja umumé ora ana ing Alkitab. Dhèwèké seneng banget wektu ngerti kersané Gusti Allah kanggo donya iki sing ditulis ing Alkitab.

”Saiki aku yakin nèk Alkitab kuwi hadiah saka Gusti Allah. Nèk Gusti Allah isa nggawé jagat iki, mesthiné Gusti Allah ya nduwé kuwasa kanggo mènèhi lan njaga sabdané nganti saiki. Ora ana sing isa mbatesi kuwasané Gusti Allah, apamanèh aku.”​—Yésaya 40:8.

^ par. 3 Deloken artikel ”Bagaimana Memilih Terjemahan Alkitab yang Baik?” ing Menara Pengawal 1 Mei 2008.